Minggu, 14 Juni 2020

Modul Wawancara Bahasa Jawa





 

MODUL BAHASA DAERAH

WAWANCARA


MATERI

Foto Wawancara
1. Struktur teks wawancara kedadean saka:

a. Idhentifikasi
Yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.

b. Klasifikasi/dhefinisi
Yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise.

c. Dheskripsi bagean
Yaiku perangan teks sing nerangake babagan kanthi luwih rinci lan cetha.


2. Unsur kebahasaan teks wawancara:

a. Ukara tanduk (aktif)
Yaiku ukara sing jejere (subjek) nindakake pagawean utawa pakaryan. Jalaran nindakake pagawean titikane wasesane migunakake tembung kriya tanduk.
Tuladha:
1. Bu Sri mundhut gelas selusin.
2. Sumanto nggoleki kakange.

b. Ukara tanggap (pasif)
Yaiku ukara sing jejere (subjek) dikenani pagawean utawa pakaryan. Titikane ukara tanggap wasenane migunakake tembung kriya (kerja) tanggap.
Tuladha:
1. Wedhuse diengon dening Sardi ing pinggir alas Roban.
2. Rujak soto didadekake unggulan kabupaten Banyuwangi.

c. Ukara Pitakon (tanya)
Yaiku ukara nakokake sawenehe bab. Titikane ukara pitakon yaiku anane tembung pitakon. Jinise tembung pitakon akeh, antara liya: apa, sapa, pira, kapan, kepriye, geneya, ing endi.

3. Bab-bab kang digatekake nalika wawancara:

a. Ngerteni sapa sing dijak wawancara, luwih enom, sadrajad utawa luwih tuwa.
b. Ngetrapake unggah-ungguh basa cundhuk karo umure narasumber.
c. Yen narasumber lagi omong aja nganti munggel rembug.
d. Pitakon kudu runtut lelandhesan pedhoman wawancara.

4. Unggah-ungguh basa.
Nalika nindakake wawancara kudu mangerti unggah- unggah basa:
a. Basa Ngoko : 
Digunakake nalika wawancara marang sing luwih enom utawa sadrajad.
Tuladha :
Sulastri : Usahamu iki jenenge apa?
Santoso : Pusat oleh-oleh Tunggal Jaya.
 
b. Basa Krama
          Digunakake nalika wawancara marang sing luwih tuwa utawakanggo ngajeni wong liya.
Tuladha :
Adi : Asmanipun panjenengan sinten?
Pak Joko : Jenengku pak Joko.  
 
5. Unsur 5W lan 1H ing teks wawancara:

a. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang.
b. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.
c. Why, tegese geneya. Tembung geneya/ kena apa/ nyangapa gunane kanggo nakokake alasan.
d. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu.
e. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan.
f. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.

6. Pedoman nindhakake wawancara:

a. Nemtokake tujuan wawancara.
b. Nemtokake topik utawa tema wawancara.
c. Nyiapake dhaftar pitakonan minangka pedhoman nalika nindakake wawancara lelandhesan 5W+1H.
d. Nganakake pasetujon karo narasumber kanggo nemtokake papan panggonan lan wektu wawancara.
e. Nindakake wawancara lelandhesan dhaftar pitakonan kang wis disiapake supaya nalika nindakake wawancara bisa runtut lan genep, supaya pitakonan ora ana sing kliwatan. lan wawancara bisa tumata lan munjer.
f. Nulis bab-bab sing penting utawa ngrekam pacelathon.
g. Nggunakake unggah-ungguh sing apik kanggo ngajeni marang narasumber.

7. Teknik Nyusun Asile Wawancara Nulis teks asil wawancara:

a. Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara.
b. Carane nulis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber.
c. Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara.
d. Dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Contoh Video Wawancara

MODUL KELAS 8

Dalam mempelajari materi wawancara silahkan lihat buku paket Kirtya 8 semester ganjil yang dapat

Foto Wawancara